Panjenengan badhe dhateng Bali? Panjenengan bingung badhe dhateng wonten ing obyek wisata pundi kemawon? Botensah bingung, panjenengan saged dhateng wonten ing Bali Classic Center (BCC) kagem mriksani pawiyatan kasenian saha miniatur Pulau Bali ugi sedaya bab Pulau Bali lan masyarakatipun.
Saderengipun mlebet ing BCC, para rawuh dipunsambut kaliyan tarian selamat datang. Para rawuh dipunkancani mlebet kanthi iring-iringan orkes tradhisional Bali. Saksampunipun mlebet para rawuh lenggah wonten ing kursi kangge mriksani pawiyatan tarian Bali ingkang mawarni-warni, kadosta tarian ingkang mbeta asil saking sawah, kadosta pantun. Pantun menika dipunbeta mawi tenggok wonten ing nginggiling mustaka.
Wonten
ing BCC kita ugi saged mriksani pagesangan lan kabudayan masyarakat ing Bali.
Menawi panjenengan kepengen nyobi nindakaken pagesangan lan kabudayan kasebat,
panjenengan saged kemawon nyobi, tuladhanipun nyobi dolanan gamelan, ndamel
sajen, numbuk pantun mawi luwu saha lesung, ngolah minyak klapa, masak ngagem
alat masak ingkang taksih tradisional.
Ngendika
bab sesaji, menapa ta isining sajen menika? Isining sajen inggih menika sekar
mawar, janur, sirih (dipunisi kapur sarta pinang) , pandan-arum, lan asil alam
sanesipun ingkang nggadhahi teges simbolik. Ujungan nglambangaken tenanging
penggalih, sirih nglambangaken dewa wisnu, kapur nglambangaken dewa siwa,
pinang nglambangaken dewa brahma, saha wangi-wangian minangka piranti kangge
ngayemaken pikiran.
Tari
Barong Bangkal menika dipuntampilaken wonten ing papan khusus kadosta ing
sakiwa-tengenipun papan kangge nampilaken pagesangan lan kabudayan masyarakat
Bali menika. Tari Barong Bangkal dipuniringi mawi gamelan batel utawi
tetamburan.Para rawuh saged foto kaliyan barong kasebat. Para rawuh ingkang
badhe foto, biasanipun maringi arta
ing salebeting tutukipun Barong.
Sanesipun Tari Barong Bangkal wonten malih Tari Barong Macan ingkang dipuntampilaken ing panggung pawiyatan. Barong Macan menika wujudipun kadosta macan. Tari Barong Macan dipuniringi kaliyan gamelan batel.
Tari ingkang salajengipun inggih menika Tari Pergaulan. Wonten Tari Pergaulan para rawuh menika wonten ingkang dipunajak nari sareng. Para rawuh ingkang dipunajak kedah purun majeng, nari sareng kaliyan penarinipun.



