Senin, 25 November 2013

Bali Classic Center Papan Wisata Budaya Ingkang Sae (Feature)


Panjenengan badhe dhateng Bali? Panjenengan bingung badhe dhateng wonten ing obyek wisata pundi kemawon? Botensah bingung, panjenengan saged dhateng wonten ing Bali Classic Center (BCC) kagem mriksani pawiyatan kasenian saha miniatur Pulau Bali ugi sedaya bab Pulau Bali  lan masyarakatipun.

BCC menika karintis dening Pande Ketut Krisna dipunbikak ing taun 2005. BCC menika wiyar sanget, kinten-kinten gangsal hektar. Papaning BCC menika wonten ing  Banjar Nyuhkuning, perkampungan seniman Ubud, Kabupaten Gianyar. BCC wonten kanthi ancas supados manggihaken ugi ajang promosi budayanipun Bali dhateng masyarakat wonten ing Indonesia saha masyarakat ing donya. 

Saderengipun mlebet ing BCC, para rawuh dipunsambut kaliyan tarian selamat datang. Para rawuh dipunkancani mlebet kanthi iring-iringan orkes tradhisional Bali. Saksampunipun mlebet para rawuh lenggah wonten ing kursi kangge mriksani pawiyatan tarian Bali ingkang mawarni-warni, kadosta tarian ingkang mbeta asil saking sawah, kadosta pantun. Pantun menika dipunbeta mawi tenggok wonten ing nginggiling mustaka.

Wonten ing BCC kita ugi saged mriksani pagesangan lan kabudayan masyarakat ing Bali. Menawi panjenengan kepengen nyobi nindakaken pagesangan lan kabudayan kasebat, panjenengan saged kemawon nyobi, tuladhanipun nyobi dolanan gamelan, ndamel sajen, numbuk pantun mawi luwu saha lesung, ngolah minyak klapa, masak ngagem alat masak ingkang taksih tradisional.

Ngendika bab sesaji, menapa ta isining sajen menika? Isining sajen inggih menika sekar mawar, janur, sirih (dipunisi kapur sarta pinang) , pandan-arum, lan asil alam sanesipun ingkang nggadhahi teges simbolik. Ujungan nglambangaken tenanging penggalih, sirih nglambangaken dewa wisnu, kapur nglambangaken dewa siwa, pinang nglambangaken dewa brahma, saha wangi-wangian minangka piranti kangge ngayemaken pikiran.

Tari Barong Bangkal menika dipuntampilaken wonten ing papan khusus kadosta ing sakiwa-tengenipun papan kangge nampilaken pagesangan lan kabudayan masyarakat Bali menika. Tari Barong Bangkal dipuniringi mawi gamelan batel utawi tetamburan.Para rawuh saged foto kaliyan barong kasebat. Para rawuh ingkang badhe foto, biasanipun maringi arta ing salebeting tutukipun Barong. 
   
Sanesipun Tari Barong Bangkal wonten malih Tari Barong Macan ingkang dipuntampilaken ing panggung pawiyatan. Barong Macan menika wujudipun kadosta macan. Tari Barong Macan dipuniringi kaliyan gamelan batel.

Tari ingkang salajengipun inggih menika Tari Pergaulan. Wonten Tari Pergaulan para rawuh menika wonten ingkang dipunajak nari sareng. Para rawuh ingkang dipunajak kedah purun majeng, nari sareng kaliyan penarinipun.

BCC biasanipun mbikak kunjungan kangge study tour siswa saha mahasiswa. BCC menika saged dados papan kangge nyinauni bab pagesangan lan budaya masyarakat Bali.
           
           

0 komentar:

Posting Komentar