Senin, 25 November 2013

Kulon Progo Expo 2013 Resmi Dipunbikak (Straight News)

Gambar dipunpendhet saking: http://www.kulonprogokab.go.id/

KULON PROGO - Wakil Bupati Kulon Progo, Sutejo resmi bikak Kulon Progo Expo wonten ing ngajeng Kantor Pemkab Kulon Progo dinten Jumat (27/10/13). Tahun-tahun kapengker Kulon Progo Expo langkung misuwur kanthi nama Manunggal Fair.
Kulon Progo Expo  dipunwontenaken ing Alun-alun Wates lan kalaksanan dumugi dinten Minggu (6/10/13) kanthi tema ‘Prestasi Kulon Progo untuk Indonesia’ sarta nggelorakaken semangat Gerakan Gotong Royong Rakyat Bersatu (Gentong Rembes). Kulon Progo Expo wonten ing taun menika dipunwontenaken dening PD Aneka Usaha.
Pameran menika minangka ajang potensi daerah. Panitia ngawontenaken  kirang langkung 24 stand ingkang utami, 138 stand saking kelas bisnis, 38 stand Kelas Ekonomi saha 57 stand SKPD.

0 komentar:

Posting Komentar