Minggu, 24 November 2013

Kulon Progo Expo 2013 kanthi Tema ‘Kulon Progo untuk Indonesia’ (News Feature)

Gambar dipunpendhet saking: http://www.kulonprogokab.go.id/

          Pemerintah Kabupaten Kulon Progo ngawontenaken pameran malih kanthi nama ‘Kulon Progo Expo’, ingkang ing taun-taun saderengipun nggadhahi nama ‘Manunggal Fair’. Nama Manunggal Fair dipungantos dados Kulon Progo Expo supados nyesuekaken kaliyan jaman ingkang sampun majeng menika. Kulon Progo expo resmi dipunbikak dening wakil bupati Kulon Progo, Sutejo wonten ing ngajeng Kantor Pemkab Kulon Progo dinten Jumat tanggal 27 September 2013 kapengker. Pambukaning Kulon Progo Expo menika dipuntandhani kanthi nabuh gong. Saksampunipun pambuka wonten tari ‘Manggala’ ingkang nggambaraken ksatria ingkang mbela tiyang alit supados saged gesang kanthi ayom, ayem, tentrem.

        Kulon Progo Expo menika badhe dipunwontenaken dumugi tanggal 6 Oktober 2013 kanthi tema ‘Kulon Progo untuk Indonesia’ sarta nggelorakaken semangat Gerakan Gotong Royong Rakyat Bersatu (Gentong Rembes) wonten ing Alun-Alun Wates. Kulon Progo Expo dipunwontenaken dening Perumda Aneka Usaha kanthi upiya supados masyarakat menika bungah, mila saben ndalu wonten hiburan sarta kembang api, kadosta sabtu ndalu kalawingi wonten pentas Orkes Melayu Om Egatama kanthi penyanyi-penyanyi lokal kadosta Eni Rosita, Selly, Rindy Antika, Yani Santika lan Eni Altalia. Lagu-lagu ingkang dipubetakaken inggih menka lagi ingkang sampun misuwur, kadosta Wedi Karo Bojomu saha Oplosan. Hiburan sanesipun ingkang bakal kalaksanan inggih menika kesenian tradisional kadosta koes plus-an, kesenian angguk, kubro siswa, lan campursari.
    Peserta ingkang wonten ing Kulon Progo Expo menika kathah, kadosta saking Dinas Pemerintahan Kabupaten Kulon Progo, Organisasi Mahasiswa, perusahaan swasta, seniman, sekolah-sekolah, saha sponsor.
        Panitia kirang langkung ngawontenaken 24 stand kelas ingkang utami, 138 stand kelas bisnis, 38 stand kelas ekonomi, saha 57 stand SKPD.
      Kulon Progo Expo menika dipunarepaken saged dados sarana informasi, ajang promosi potensi daerah, pendhidhikan, saha hiburan kangge masyarakat. 

     Kabandhingaken kaliyan Manunggal fair 2012, Kulon Progo Expo 2013 ing taun menika radi kirang mranani ing penggalihing warga. Warga rumaos bilih panitia menika naming mendhet untung kemawon. Warga ingkang taun kapengker biasanipun saged wonten ing pameran kasebat, taun menika boten saged, kadosta Supratman (55), salah satunggaling perajin tas kombinasi serat alam ing Moyudan ingkang kerjasama kaliyan tiyang Kulon Progo. Wonten ing taun 2012 kapungkur  biaya mbikak stan ugi langkung awis. Miturut warga, panitia ingkang sakniki boten nggatosaken “Melalui Gerakan Bela-Beli KulonProgo Kita Wujudkan KulonProgo Baru The Jewel of Jawa” ingkang dados tema Manunggaling Fair 2012. Tema kasebat nggadhahi teges bilih supados warga menika tumbas saha  ngginakaken barang-barang saking produk-produk Kulon Progo sarta tumbas saengga tingkat ekonomi daerah menika saged majeng. 

        Omset saking Kulon Progo Expo kasebat kinten-kinten dumugi 4,7 miliar. lan dipuntutup dening Wakil Bupati Sutedjo ing Alun-Alun Wates dinten Minggu ndalu. Omset kasebat langkung kathah tinimbang omset taun kapungkur, inggih menika kinten-kinten 2,3 milyar. Pengunjung ingkang dhateng wonten kinten-kinten 56 ewu.

0 komentar:

Posting Komentar