Selasa, 24 Desember 2013

Geguritan: Tekan Kapan?

Saktenane..
Ya saktenane sliramu mangertini yen aku tansah ngenteni
Ngenteni sliramu kang dadi pepujening ati
Aaaah...
Ananging sliramu ora bakal bisa mangerti
Ngerti anggonku ngenteni mung kekancan sepi
Ngerti anggonku ngenteni ngasi keimpi-impi


            Apa aku salah amaraga tresna marang sliramu?
            Apa aku salah amarga ngenteni sliramu?
            Saiki...
            Apa oleh aku nglalekake sliramu?
            Apa oleh aku ninggalake sliramu?

Iki dudu kareping awakku
Ananging
Kareping atiku kang kesel ngenteni, ngenteni sliramu
Sliramu kang amung bisa tak sawang ing banyu

Senin, 23 Desember 2013

Profil Wirausaha: Bapak Suparman, ingkang Kagungan Aneka Camilan MM (Mekar Mulya)


Bapak Suparman miyos ing Sleman, 25 Agustus 1964. Panjenenganipun putra saking Bapak Adi Sukirman saha Almh. Ibu Rubini. Bapak Suparman menika putra ingkang kaping tiga saking tiga bersaudara. Sedherek-sedherekipun inggih menika Bapak Sucipto saha Almarhumah Ibu Sumirah.
Bapak Suparman dalemipun inggih menika Gamplong 1, Sumberrahayu, Moyudan, Sleman, Yogyakarta.
Bapak Suparman miwiti usaha MM menika nalika taun 1993, produksinipun inggih menika peyek, kacang bawang saha kacang telor. Wonten ing taun 1997 panjenenganipun namung mroduksi kacang bawang saha kacang telor. Peyek boten dipunproduksi malih amargi regi minyak ingkang awis. Wonten ing taun 2000, Bapak Suparman miwiti ngemas-ngemasi aneka camilan saha produksinipun namung kacang bawang dumugi sakniki.


Proses mbunteli camilan

Proses ngepaki camilan


Wonten ing taun 1993 dumugi taun 1997, Bapak Suparman nitipaken produksinipun wonten ing toko-toko alit. Nalika taun 1997 dumugi taun 2010 panjenenganipun masaraken produksinipun kalawau wonten ing toko-toko alit saha grosiran pasar. Wiwit taun 2000 pemasaran langkung sae, panjenenganipun masaraken produksinipun kalawau wonten ing grosiran pasar saha grosiran toko dumugi sakniki.

Jumat, 20 Desember 2013

Feature: Mangertosi langkung Caket Desa Wisata Gamplong 1


       Desa Wisata Gamplong minangka desa wisata kerajinan tenun wonten ing Gamplong 1, Sumberrahayu, Moyudan, Sleman, Yogyakarta. Desa menika wonten ing tlatah kilen Kabupaten Sleman, ingkang perbatasan kaliyan Bantul saha Kulon Progo. Menawi saking Jogja dhateng Gamplong kinten-kinten jarakipun 18km. Wonten ing desa menika kathah mawarni-warni industri kerajinan tenun saha anyaman tradisional ingkang taksih migunakaken Alat Tenun Bukan Mesin (ATBM).


   Miturut cariyos, alat tenun menika sampun wonten awit jaman rumiyin, nanging produksinipun taksih sekedhik kadosta stagen, andhuk, serbet. Kegiatan tenun menika lumampah teras, lajeng wonten ing taun 1997 produk ingkang dipundamel menika langkung ngrembaka dumugi sakniki. Produk-produk ingkang dipunasilaken langkung kathah, kadosta placemate, box laundry, tas, dompet, gorden, aksesoris, sandal, klasa, taplak meja, lan sapanunggalanipun. Produk-produk kasebut dipundamel saking baha-bahan ingkang alami utawi serat alam kadosta biting, mendhong, enceng gondhok, gajih (aten-aten saking ron gebang), akar wangi, nilon, saha agel. Perajin-perajin wonten ing Gamplong menika wonten ingkang ngolah saking bahan mentah dados bahan setengah jadi saha dipunproses malih ngantos barang jadi. Kajaba menika wonten ugi ingkang ngolah saking bahan mentah dados bahan jadi. Saha wonten ugi ingkang ngolah saking bahan setengah jadi dados barang jadi.


ATBM


     Produksi-produksi kasebut mboten namung dipunpasaraken wonten ing Yogya kemawon, ananging dumugi kota sanesipun kadosta Jakarta saha Bali, saha dumugi negara sanes kadosta Australia.
     Gamplong menika nawakaken paket wisata ingkang menarik dhateng pengunjung. Paket-paket wisata kasebut inggih menika 1) Kunjungan Bebas, pengunjung gratis nalika pengen mlampah-mplampah piyambak ing Desa Gamplong. 2) Kunjungan kanthi pemandu (guide), 1 bus kanthi pengunjung kinten-kinten tiyang 40 badhe dipunpandhu dening 2 guide (Rp. 50.000,00/ guide). 3) Kunjungan kanthi guide saha penyambutan, 1 bus kanthi pengunjung kinten-kinten tiyang 40 badhe dipunpandhu dening 2 guide (Rp. 50.000,00/ guide saha Rp. 500.000,00 kangge penyediaan dhaharan saha unjukan). Kajaba menika wonten ugi paket kunjungan belajar (kelompok bermain dumugi SMU/ sederajat) inggih menika 1 bus kanthi pengunjung kinten-kinten 40 tiyang badhe dipunpandhu tiyang kalih (Rp. 50.000,00/ guide, Rp. 100.000,00/ pelatih). Menawi kunjungan belajar khusus (SMU/ sederajat, perkuliahan, saha UKM), inggih menika 1 kelompok maksimal tiyang gangsal, per kelompok: Rp. 100.000,00-Rp. 150.000,00/ pelatih/hari, Rp. 100.000,00-Rp. 150.000,00 minangka biaya bahan baku, Rp. 12.500,00 kangge dhaharan saha unjukan/ tiyang, Rp. 10.000,00 kangge nginep/ tiyang. Materi ingkang dipunajaraken inggih menika nenun, ndamel tas anyaman, ndamel handycraft (pigura, box, lan sapanunggalanipun). 

Placemaat
Tas nilon

       


Tas mendong

Rabu, 18 Desember 2013

Autobiografi: Wulan Arum Sari




Nama kula Wulan Arum Sari, biasanipun dipuntimbali 'wulan' utawi 'arum'. Ananging kanca-kanca SMP nyebut kula 'ul-ul' . Kula lair ing Sleman, 02 Agustus 1992. Kula lair saking kaluwarga ingkang sederhana. Bapak saha Ibu kula nyambut damelipun wiraswasta. Kula lare kaping kalih saking kalih bersaudara, mbak kula sakniki sampun palakrami. 

Kula gadhah hobi foto-foto saha jalan-jalan. 
Pendhidhikan kula wiwiti nalika umur kula 6 taun ing TK ABA Gamplong 1, lulus ing taun 1999. Saksampunipun TK kula nglajengaken sekolah wonten ing SD Muhammadiyah Gamplong 1 nalika umur kula 7 taun. Kula sekolah wonten SD menika amargi SD kasebut celak kaliyan griya kula, dados kula saged mlampah utawi numpak pit, nanging kala-kala kula dipundugekaken. Kula SD lulus ing taun 2005. 
SD sampun lulus lajeng kula mlebet dhateng SMP. SMP kula rumiyin inggih menika SMP N 2 Sentolo, Kulon Progo. SMP N 2 Sentolo menika sekolah ingkang prestasi-nipun kalebet sae wonten ing tlatah Kulon Progo, mila kula sekolah dhateng mrika. Kula lulus SMP taun 2008. 
Lulus SMP kula bingung badhe milih sekolah dhateng SMA utawi SMK. Lajeng kula mutusaken bilih kula sekolah dhateng SMK kemawon. Kula SMK wonten ing SMK N 1 Godean, jurusan Akuntansi. Kula lulus SMK ing taun 2011.
Lulus SMK kula lajeng nyobi daftar kuliah wonten ing UNY. Kula dipuntampi ing UNY mawi Seleksi Mandiri, jurusan kula Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni UNY. Sakniki kula taksih kuliah wonten ing UNY menika. Mugi kula enggal-enggal wisuda. Amin.

Selasa, 17 Desember 2013

Dewi Srikandhi

 Gambar dipunpendhet saking http://taurylubiz.blogspot.com/

Dewi Srikandhi minangka gambaran kesetaraan gender amargi panjenenganipun wanita ingkang saged perang kadosta tiyang kakung. Srikandi gadhah sipat wibawa, bijak, saha tanggeljawab.
Dewi Srikandhi menika putrinipun Raja Drupada saha Dewi Gandawati saking Kerajaan Panchala. Dewi Srikandhi gadhah kalih sedherek kandhung ingkang nama Dewi Drupadi utawi Dewi Kresna saha Arya Drestadyumna. Wonten ing cariyos pewayangan dicariosaken bilih Dewi Srikandhi menika titisan saking Putri Amba ingkang pejah marga panahipun Bisma. Titah Dewata ngedahaken Dewi Srikandhi dipunasuh kanthi gesang kadosta tiyang kakung.
Wonten cariyos versi pewayangan jawi, Dewi Srikandhi menika lair amargi pepenginan tiyang sepuhipun inggih menika Prabu Drupada saha Dewi Gandawati. Tiyang sepuhipun nggadhahi pepenginan supados Dewi Srikandhi menika lair kanthi normal, amarga sedherek kalihipun inggih menika Dewi Drupadi saha Arya Drestadyumna lair kanthi puja semedi. Drupadi dipunlairaken saking agni pemujaan lajeng asaping agni kasebat njelma dados Arya Drestadyumna.
Dewi Srikandhi remen kaliyan olah keprajuritan saha pinter migunakaken senjata panah. Panjenenganipun pinter migunakaken panah amargi meguru kaliyan Arjuna ingkang salajengipun Arjuna dados garwanipun Dewi Srikandhi. Wonten ing daupipun kalawau, Dewi Srikandhi saha Arjuna boten gadhah putra. 
Dewi Srikandi menika dados teladanipun prajurit wanita. Panjenenganipun tanggeljawab kaliyan kaslametan saha amanipun kesatrian Madukara saha sedaya wosipun. Wonten ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandi dados senapati perang Pandawa nggantosaken Resi Seta kesatria Wirata ingkang sampun pejah dening Bisma, senapati ageng balatentara Kurawa. Dewi Srikandhi saged mejahi Bisma kanthi panah Hrusangkali. Wonten ing pungkasan dipuncariyosaken bilih Dewi Srikandhi pejah amargi Aswatama ingkang nylundhup mlebet wonten ing keraton Hastanipura, saksampunipun Perang Bharatayudha.
Wujuding Wayang Dewi Srikandhi inggih menika nggadhahi paningal arupi jaitan, grananipun mancung, parasipun ndongak tandha bilih suwantenipun dencing. Panjenenganipun sanggulipun ageng, rikmanipun awujud polos, ngagem kalung wulan sabit, kainipun dodot putren.

Wacana Prosedural: Salah Surprise

       Minggu kalawingi kancaku ulangtaun ingkang kaping 20 taun. Aku lan kanca-kanca liane padha sengaja ora ngucapke ulangtaun. Isuk-isuk dheweke uwis pasang status nang facebook ingkang isine ngomong maturnuwun karo kanca-kanca ingkang uwis ngucapake saha ngekei donga. Aku thothokmen lali banjur ngomong yen engko sore tak kon ngancani menyang dokter. Deweke balesi sms ngiyani.
     Awane aku menyang tumbas cake ulangtaun kanggo surprise nggo kancaku sing ultah kae mau. Sawise oleh cake, lilin, lan pisone, aku banjur bali. Sakwise iku aku sakanca nyiapke endhog, banyu, lan gandum. Wis rampung persiapan aku banjur sms kancaku sik ulangtaun kae mau tak kon methuk. Dheweke ora mbalesi, pikirku deweke nesu amarga aku sakanca ora ngucapke. Amarga ora geg dibalesi karo deweke, aku banjur menyang nangomahe. Wealah....jebule deweke malah turu penak banget, tak gugah we ora tangi-tangi. Sawise deweke tangi, banjur tak kon nyusul nang ngomahku.
       Tak enteni suwe dheweke ora geg teka, padahal cake e wis siap kabeh. Ora let suwe ana suara motor moro nang ngomah, banjur aku lan kanca-kanca metu gawa cake karo nyanyi selamat ulangtahun. Nalika aku ro kanca-kanca metu, ternyata sik nggo motor kuwi dudu kancaku sik ulangtahun kae mau, tapi embak ingkang nembe kondur. Wealah aku karo kancaku pada kecelik, salah ngekei surprise. 

Feature: Air Terjun Sri Gethuk


       Air Terjun Sri Gethuk dumunung ing desa Bleberan, Playen, Gunungkidul, Yogyakarta. Wonten ing mrika ngremenaken sanget, swanten gemrojoging air terjun ingkang ndamel bungahing ati. Air Terjun Sri Gethuk menika wonten ing pinggiring aliran kali Oyo. Air Terjun Sri Gethuk menika radi mirip kaliyan Tawangmangu, nanging Sri Gethuk dhuwuripun grojogan boten sedhuwur Tawangmangu. Wonten sakiwa tengenipun wonten pemandangan gunung-gunung ingkang endah, nambahi endahing Sri Gethuk menika.


    
       Menawi badhe dhateng mrika, saking mergi utami Yogyakarta-Wonosari kedah mlampah mergi kinten-kinten 10km. Mergi menawi badhe dhateng Sri Gethuk menika radi sisah, kedah nglampahi mergi ingkang taksih awon, nggronjal-nggronjal dereng aspal kados menika. 




Senin, 16 Desember 2013

Profil Wirausaha: Bapak Supratman, Pengrajin Tenun Tradisional (ATBM)

Bapak Supratman nalika nyiapaken tas ingkang
badhe dipunpasaraken

Bapak Supratman mios ing Sleman, 31 Desember 1950. Panjenenganipun putra kaping kalih saking kalih bersaudara. Sakniki bapak Supratman gadhah putra tiga ingkang sedayanipun setri. Dalemipun panjenenganipun wonten ing Dusun Gamplong 1 RT 05 RW 03, Sumberrahayu, Moyudan, Sleman, Yogyakarta.
       Bapak Supratman miwiti usaha Wida's Collection menika ing taun 1999 kanthi modal ingkang naming sekedhik saha usaha ingkang tumemen. Wida's Collection menika usaha ing bidang kerajinan tangan, ingkang ngolah bahan setengah jadi dados produk jadi. Bahan setengah jadi ingkang badhe dipunproses malih inggih menika agel, biting, kampar pandan, enceng gondhok, gebang, serat pandan, saha pring. Bahan setengah jadi kasebut angsal saking pemasok saking Semarang, Kulon Progo, Cilacap, saha Gombong. Saklajengipun bahan setengah jadi kasebut dipunwarnai. Saksampunipun dipunwarnai lajeng dipunpepe udakara satunggal dinten nalika boten mangsa jawah. Menawi mangsa jawah anggenipun mepe udakara kalih dumugi tigang dinten. Menawi sampun saklajengipun bahan setengah jadi kasebut dipunjait miturut model ingkang sampun dipun-desain ingkang ndamel utawi ingkang pesen. Proses pungkasan inggih menika finishing. Wonten ing finishing, bahan setengah jadi ingkang sampun dipun-proses menika dipuntambai handle saha pernak-pernik utawi aksesoris sanes ingkang cocok.



Proses masang keling
Proses njait
Produk-produk ingkang dipunasilaken dening Wida's Collection inggih menika tas, placemate, sarung bantal, box, souvenir, lan sapanunggalanipun. Sadinten-dinten ingkang nyambut damel saged ngasilaken produk kinten-kinten 150-200 tas. Ananging menawi wonten pesenan ingkang langkung kathah saha deadline, bapak Supratman kerjasama kaliyan pengrajin sanesipun.

Produk-produk saking Wida's Collection

Artikel Budaya: Ambarketawang saha Ritual Taunanipun, Saparan Bekakak

Gambar dipunpendhet saking http://sejarah.kompasiana.com

             Ambarketawang minangka salah satunggaling desa ing Sleman, Yogyakarta. Masyarakatipun tansah nindakaken ritual taunan ingkang kalaksanan ing Bulan Sapar, ritual kasebut inggih menika Saparan Bekakak. Saparan bekakak dipunwontenaken kangge nyuwun kaslametan warga Gamping.
            Saksampunipun shalat Jumat, warga-warga padha makempal kangge mriksani ritual taunan menika. Saparan Bekakak kalaksanan saking Balai Desa Ambarketawang dumugi Gunung Gamping kanthi nyembeleh manten (bekakak) ingkang dipundamel saking tepung ketan ingkang wosipun gendhis jawi.

 Gambar dipunpendhet saking http://radarbajaklaut.blogspot.com

            Miturut cariyos asal usuling upacara Saparan Bekakak menika saking kacilakaning kalih abdi dalem ingkang dipunremeni dening Sri Sultan Hamengku Buwono I. Kadospundi kacilakan kasebut? Menika cariyosipun ingkang karangkum wonten ing asal usuling Saparan Bekakak.
            Wonten ing jaman kapungkur wonten abdi dalem Kraton ingkang setya ingkang nama Kyai Wirasuta saha Nyau Wirasuta. Minangka raja kaping pisan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, Sri Sultan Hamengku Buwono I nggadhahi maksud mbangun kraton kangge dalemipun. Panjenenganipun tinggal wonten ing pasanggrahan ing Desa Ambarketawang nalika dalemipun wau dipunbangun.
            Saksampunipun Kraton menika dipunbangun, Sultan Saha para abdi dalem Kraton kondur dhateng kraton, nanging Kyai saha Nyai Wirasuta mboten purun, saengga tetep tinggal wonten ing pasanggrahan ing Desa Ambarketawang kalawau. Kyai saha Nyai Wirasuta boten purun kondur dhateng kraton amargi kekalihipun rumaos sampun betah tinggal wonten ing papan kasebut saha supados saged njagi kewan-kewan ingkang sampun kathah.
            Sawetawis wekdal, wonten prahara ing dinten Jumat Kliwon ing bulan Sapar, Gunung Gamping ambleg ngebruki kalih abdi dalem Kraton kalawau. Mirengaken pawartos kasebut, Sultan nelangsa. Dugi sakniki, layonipun abdi dalem kekalih kalawau dereng dipunpanggihaken.
            Musibah kalawau kadadosan malih saben bulan Sapar. Masyarakat pitados bilih arwah Kyai saha Nyai Wirasuta taksih wonten ing Gunung Gamping. Sultan mangertosi kadadosan kasebut, saengga panjenenganipun paring dhawuh supados ngawontenaken upacara slametan. Upacara slametan dipunwontenaken kanthi mbeleh sepasang pengantin (bekakak) ingkang dipundamel saking campuran beras saha ketan, ancasipun supados nggantekaken Kyai saha Nyai Wirasuta saha warga sanesipun ingkang dados korban musibah kasebut.

            Ritual adat menika turun-temurun saengga dumugi sakniki taksih wonten. Ritual Saparan ingkang rumiyin minangka tolak balak masyarakat, sakniki sampun dados sejarah saha legendha lokal ingkang tetep dipunuri-uri.

Wacana Prosedural: Carang Gesing


     Cara gesing minangka dhaharan tradhisional khas Daerah Istimewa Yogyakarta saha Jawa Tengah. Carang gesing menika radi sami kaliyan nogosari, nanging carang gesing menika langkung encer, boten padet kadosta nogosari. Carang gesing gadhah raos ingkang manis saha aroma ingkang sedhep. Kadospundi caranipun ndamel carang gesing kasebut? Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken.
Bahan:
  • pisang kepok satunggal lirang ingkang sampun mateng
  • santen kenthel kalih gelas
  • tigan ayam sekawan
  • sarem ½ sendhok teh
  • ron pandhan
  • gendhis pasir 3 sendhok makan
  • panili ½ sendhok teh
  • ron pisang saha biting kangge mbungkus 
Caranipun ndamel:
  1. Pisang kepok dipunonceki, saklajengipun dipuniris bunder alit-alit (kinten kinten ½ cm).
  2. Tigan saha gendhis dipuncampur lajeng dipunkocok ngantos teksturipun alus. Menawi sampun alus dipuntambahi santen saha sarem lajeng dipunudhak ngantos rata sedaya.
  3. Adonan ingkang sampun dipuncampur sedaya lajeng dipunbungkus ngagem ron pisang kanthi wujud kadosta wungkusan tape (tum). Saben bungkus wosipun kinten-kinten 2-3 sendhok makan adonan.
  4. Saklajengipun dipunkukus ngantos mateng, kinten-kinten 20-25 menit.
  5. Carang gesing sampun siyap dipunsajekaken.

Cerkak: Nandhang Nelangsa

         Suntik? Ya, Vika pancen wedi weruh jarum suntik. Dhewekke weruh jarum suntik wae wedi, apa maneh yen disuntik? Pancen dhewekke angel banget nalikane aku arep nyuntik dhewekke.
“ Dokter, ini betulan saya harus disuntik?”, omongku marang Vika
Aku manthuk tandha yen omongane Vika iku bener. Dhewekke kudu diwenehi sawijining obat lewat suntikan, sing ora mung sepisan, kepara malah kudu rutin, apa maneh isih wektu wiwitan mangkene, kudu ana sedina sepisan anggonku nyuntikake obat. Suntikan iki mesthi dadi pilihan terakhir menawa sawenehing cara ora bisa digunakake maneh.
Iya, dua minggu yang lalu kan sudah saya terangin. Kalau kamu memang mau sembuh, sebulaaaan aja, pasti udah nunjukkin tanda-tanda yang baik.”omongku marang Vika.
Aku nerangke, kaya sing wus dakterangke sewulan kepungkur. Praupane Vika saya pucet. Dhewekke ndhingkluk karo nyekeli sirahe, mbokmenawa lara maneh.
“ Dok, saya takut jarum suntik”              
Ngono omonge karo ngematke aku, kaya-kaya suntikan sing arep dakanggo bakal nglarani awakke. Aku meneng  wae, bocah iki pancen wus bola-bali ngandhakake yen dhewekke wedi jarum suntik, lan kepiye carane supayane dhewekke ora kena suntikan. Aku ya ngakoni, mesthi larane, merga sawenehing perawat rada kangelan nggoleki pembuluh darah papan kanggo nyuntikake infus. Malah tau milih bali tanpa nerusake infuse padahal ora ana dokter sing setuju yen dhewekke medhot opname. Tapi bocah mau ora duwe pilihan liya. Kejaba yen dhewekke nudhuhake kepenginane arep mari. Nanging saya suwe, kondhisi fisik e malah saya tumurun, saranku sakjane dhewekke kudu ngurangi stress.
Dina iki, Vika arep suntik wae kakehan alesan, dheweke malah ngenteni barang kang diglethakke ana sandhing boneka coklate muni, hapene.
nungguin apa?”, omongku
 “telepon“, omonge lemes.
“kenapa enggak kamu telepon aja?”, omongku nanggepi
Vika gedheg, tandha yen wegah.
“kalau saya, dapat ucapan selamat ulang tahun tanpa ngasih tahu saya sedang ulang taun kan seneng”, omonge Vika marang aku karo mesem.
Vika pindhah ana kasur, lan mandeng jendhela sedhela banjur nerusake dolanan boneka coklate. MasyaAllah, mripate kebak banyu. Tangise saiki wis pecah, ambyah tekan ngendi-endi, tekan atiku barang sing dadi tuwuh welase.
telepon aja” suaraku barang melu gemeteran.
Vika gedheg maneh nanging karo iluh sing wis ngebaki pipine, gedheg sing ngetokake larane panandang.
nggak bisa“ omonge Vika ora cetha kecampur swara tangis semenggruk.
 Aku ora arep takon kenapa ora bisa, yen dudu dhewekke sing karep mratelakake, aku sing kadhung weruh artine omonge ‘nggak bisa’ ne mau. Iya ngemu teges, kuciwa saka cidrane pangarep-arep. Mbokmenawa cidrane janji. Mbokmenawa........ akh yen iki sing ngerti ya gendhuk siji iki.
Boleh besok nggak?”, omonge Vika semenggruk
Mau ditunda lagi?“ omongku lirih
Melas rasane atiku ngematake mripate bocah kui kebak pengarep-arep. Aku nggumun tenan, nduwe pirang pengarep-arep cacahe bocah kui, bola-bali tugel nanging esih arep wae ngenteni.
Aku luwih ora tega nalika ngematke dhewekke anggone nahan sirahe sing larane tansaya parah. Nrenyuhake. Tapi bocah kuwi mesthi duwe pilihan liya kang nggumuni.
boleh ya?”, omonge dhewekke
Aku manthuk, ananging jawabanku jan-jane ora, tapi kapan maneh keturutan sing dadi pepenginane, mung kuwi sing tak aboti. Mung istilahe, nuruti kepenginane ing antarane kepenginan sing durung bisa digayuh, ora ana salahe.
Vika ketok rada bungah. Ngepasi kuwi aku ya nyuwun marang Gusti supaya dhewekke ndang entuk telpon.
***
Sorene aku entuk kabar saka ibune, yen dhewekke wis ora ngenteni telepon, istilahe standar kepenginane diudhunake yaiku namung pesan kang singkat wae, tekan wengi, tekan bener-bener entek dinane, tekan ganti dina, tekan wektune kudu ketemu aku maneh,  suntik.
***
Isuk-isuk aku lagi mbukaki jendhela ruanganku, supayane rada adhem. Tanpa nothok lawang kang pancen wis kabukak, dhewekke wis ngadeg ing tengah-tengahe lawang, iluhe dleweran.
Suntik sekarang”, omonge Vika ngageti aku
Aku gugup.
“Eh, beneran?”, omongku rada gugup
Saiki malah aku sing ragu. Yen tenan tampa telepon utawa sms kok dleweran iluhe, apa ora nampa maneh, nanging kok gelem disuntik?
“Vika..vika...,” omongku nang ati karo nahan trenyuh
“Iya, cepetan!”, omonge rada nyeneni aku.
Aku nyuntik Vika, iki kapisanan dhewekke disuntik tanpa nangisi larane suntikan. Iki tangisane beda. Bola-bali pecah. Aku rada gugup. Nggoleki papan sing trep kanggo suntikan, nanging aku gemeteran weruh larane tangis gendhuk sing kawit cilik tak kenal.
***

Aku ketemu maneh saperlu menehi sawenehing obat kang kudu diombe, seminggu sakwise suntikan pertama. Nyawang guyune sing digawe-gawe malah atiku sing lara. Karo ngambung tanganku, dhewekke pamitan, arep mangkat sekolah maneh, ora pengin suwe-suwe kalah karo larane sing tak kira mesthi esih lara banget. Tak aras jilbabe sing nutupi sirahe. Tanpa rambut.