 |
Bapak Supratman nalika nyiapaken tas ingkang
badhe dipunpasaraken |
Bapak Supratman mios ing Sleman, 31 Desember 1950. Panjenenganipun putra kaping kalih saking kalih
bersaudara. Sakniki bapak Supratman gadhah putra tiga ingkang sedayanipun setri. Dalemipun panjenenganipun wonten ing Dusun Gamplong 1 RT 05 RW 03, Sumberrahayu, Moyudan, Sleman, Yogyakarta.
Bapak Supratman miwiti usaha
Wida's Collection menika ing taun 1999 kanthi modal ingkang naming sekedhik saha usaha ingkang tumemen.
Wida's Collection menika usaha ing bidang
kerajinan tangan, ingkang ngolah
bahan setengah jadi dados
produk jadi.
Bahan setengah jadi ingkang badhe dipunproses malih inggih menika
agel, biting, kampar pandan, enceng gondhok, gebang, serat pandan, saha pring. Bahan setengah jadi kasebut angsal saking pemasok saking Semarang, Kulon Progo, Cilacap, saha Gombong. Saklajengipun bahan setengah jadi kasebut dipunwarnai. Saksampunipun dipunwarnai lajeng dipunpepe udakara satunggal dinten nalika boten mangsa jawah. Menawi mangsa jawah anggenipun mepe udakara kalih dumugi tigang dinten. Menawi sampun saklajengipun
bahan setengah jadi kasebut dipunjait miturut
model ingkang sampun dipun-
desain ingkang ndamel utawi ingkang pesen.
Proses pungkasan inggih menika
finishing. Wonten ing
finishing, bahan setengah jadi ingkang sampun dipun-
proses menika dipuntambai
handle saha
pernak-pernik utawi
aksesoris sanes ingkang cocok.
 |
| Proses masang keling |
 |
| Proses njait |
Produk-produk ingkang dipunasilaken dening
Wida's Collection inggih menika
tas, placemate, sarung bantal, box, souvenir, lan sapanunggalanipun. Sadinten-dinten ingkang nyambut damel saged ngasilaken produk kinten-kinten 150-200 tas. Ananging menawi wonten pesenan ingkang langkung kathah saha
deadline, bapak
Supratman kerjasama kaliyan pengrajin sanesipun.
 |
| Produk-produk saking Wida's Collection |
0 komentar:
Posting Komentar