Gambar dipunpendhet saking http://taurylubiz.blogspot.com/
Dewi Srikandhi minangka gambaran
kesetaraan gender amargi panjenenganipun wanita ingkang saged perang kadosta
tiyang kakung. Srikandi gadhah sipat wibawa, bijak, saha tanggeljawab.
Dewi
Srikandhi menika putrinipun Raja Drupada saha Dewi Gandawati saking Kerajaan
Panchala. Dewi Srikandhi gadhah kalih sedherek kandhung ingkang nama Dewi
Drupadi utawi Dewi Kresna saha Arya Drestadyumna. Wonten ing cariyos pewayangan
dicariosaken bilih Dewi Srikandhi menika titisan saking Putri Amba ingkang
pejah marga panahipun Bisma. Titah Dewata ngedahaken Dewi Srikandhi dipunasuh
kanthi gesang kadosta tiyang kakung.
Wonten
cariyos versi pewayangan jawi, Dewi Srikandhi menika lair amargi pepenginan tiyang
sepuhipun inggih menika Prabu Drupada saha Dewi Gandawati. Tiyang sepuhipun
nggadhahi pepenginan supados Dewi Srikandhi menika lair kanthi normal, amarga
sedherek kalihipun inggih menika Dewi Drupadi saha Arya Drestadyumna lair
kanthi puja semedi. Drupadi dipunlairaken saking agni pemujaan lajeng asaping agni kasebat njelma dados Arya
Drestadyumna.
Dewi
Srikandhi remen kaliyan olah keprajuritan
saha pinter migunakaken senjata panah.
Panjenenganipun pinter migunakaken panah amargi meguru kaliyan Arjuna ingkang
salajengipun Arjuna dados garwanipun Dewi Srikandhi. Wonten ing daupipun
kalawau, Dewi Srikandhi saha Arjuna boten gadhah putra.
Dewi
Srikandi menika dados teladanipun prajurit wanita. Panjenenganipun
tanggeljawab kaliyan kaslametan saha amanipun kesatrian Madukara saha sedaya
wosipun. Wonten ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandi dados senapati perang
Pandawa nggantosaken Resi Seta kesatria Wirata ingkang sampun pejah dening
Bisma, senapati ageng balatentara Kurawa. Dewi Srikandhi saged mejahi Bisma
kanthi panah Hrusangkali. Wonten ing pungkasan dipuncariyosaken bilih Dewi
Srikandhi pejah amargi Aswatama ingkang nylundhup mlebet wonten ing keraton
Hastanipura, saksampunipun Perang Bharatayudha.
Wujuding
Wayang Dewi Srikandhi inggih menika nggadhahi paningal arupi jaitan, grananipun
mancung, parasipun ndongak tandha bilih suwantenipun dencing. Panjenenganipun sanggulipun ageng, rikmanipun awujud
polos, ngagem kalung wulan sabit, kainipun dodot putren.
Sumber: Wikipedia saha Majalah Djaka Lodang

0 komentar:
Posting Komentar