Suntik?
Ya, Vika pancen wedi weruh jarum suntik. Dhewekke weruh jarum suntik wae wedi,
apa maneh yen disuntik? Pancen dhewekke angel banget nalikane aku arep nyuntik
dhewekke.
“ Dokter, ini betulan
saya harus disuntik?”, omongku marang Vika
Aku manthuk tandha yen omongane Vika iku
bener. Dhewekke kudu diwenehi sawijining obat lewat suntikan, sing ora mung
sepisan, kepara malah kudu rutin, apa maneh isih wektu wiwitan mangkene, kudu
ana sedina sepisan anggonku nyuntikake obat. Suntikan iki mesthi dadi pilihan
terakhir menawa sawenehing cara ora bisa digunakake maneh.
“Iya, dua minggu yang lalu kan sudah saya
terangin. Kalau kamu memang mau
sembuh, sebulaaaan aja, pasti udah nunjukkin tanda-tanda yang baik.”omongku
marang Vika.
Aku nerangke, kaya sing wus dakterangke
sewulan kepungkur. Praupane Vika saya pucet. Dhewekke ndhingkluk karo nyekeli
sirahe, mbokmenawa lara maneh.
“
Dok, saya takut jarum suntik”
Ngono omonge karo ngematke aku,
kaya-kaya suntikan sing arep dakanggo bakal nglarani awakke. Aku meneng wae, bocah iki pancen wus bola-bali
ngandhakake yen dhewekke wedi jarum suntik, lan kepiye carane supayane dhewekke
ora kena suntikan. Aku ya ngakoni, mesthi larane, merga sawenehing perawat rada
kangelan nggoleki pembuluh darah papan kanggo nyuntikake infus. Malah tau milih
bali tanpa nerusake infuse padahal ora ana dokter sing setuju yen dhewekke
medhot opname. Tapi bocah mau ora duwe pilihan liya. Kejaba yen dhewekke
nudhuhake kepenginane arep mari. Nanging saya suwe, kondhisi fisik e malah saya
tumurun, saranku sakjane dhewekke kudu ngurangi stress.
Dina iki, Vika arep suntik wae kakehan
alesan, dheweke malah ngenteni barang kang diglethakke ana sandhing boneka
coklate muni, hapene.
“nungguin apa?”, omongku
“telepon“, omonge lemes.
“kenapa enggak kamu
telepon aja?”, omongku nanggepi
Vika gedheg, tandha yen wegah.
“kalau saya, dapat
ucapan selamat ulang tahun tanpa ngasih tahu saya sedang ulang taun kan seneng”,
omonge
Vika marang aku karo mesem.
Vika pindhah ana kasur, lan mandeng
jendhela sedhela banjur nerusake dolanan boneka coklate. MasyaAllah, mripate kebak banyu. Tangise saiki wis pecah, ambyah
tekan ngendi-endi, tekan atiku barang sing dadi tuwuh welase.
“telepon aja” suaraku barang melu
gemeteran.
Vika gedheg maneh nanging karo iluh sing
wis ngebaki pipine, gedheg sing ngetokake larane panandang.
“nggak bisa“ omonge Vika ora cetha
kecampur swara tangis semenggruk.
Aku ora arep takon kenapa ora bisa, yen dudu
dhewekke sing karep mratelakake, aku sing kadhung weruh artine omonge ‘nggak bisa’ ne mau. Iya ngemu teges,
kuciwa saka cidrane pangarep-arep. Mbokmenawa cidrane janji. Mbokmenawa........
akh yen iki sing ngerti ya gendhuk siji iki.
“Boleh besok nggak?”, omonge Vika
semenggruk
“Mau ditunda lagi?“ omongku lirih
Melas rasane atiku ngematake mripate bocah
kui kebak pengarep-arep. Aku nggumun tenan, nduwe pirang pengarep-arep cacahe bocah
kui, bola-bali tugel nanging esih arep wae ngenteni.
Aku luwih ora tega nalika ngematke
dhewekke anggone nahan sirahe sing larane tansaya parah. Nrenyuhake. Tapi bocah
kuwi mesthi duwe pilihan liya kang nggumuni.
“boleh ya?”, omonge dhewekke
Aku manthuk, ananging jawabanku jan-jane
ora, tapi kapan maneh keturutan sing dadi pepenginane, mung kuwi sing tak
aboti. Mung istilahe, nuruti kepenginane ing antarane kepenginan sing durung
bisa digayuh, ora ana salahe.
Vika ketok rada bungah. Ngepasi kuwi aku
ya nyuwun marang Gusti supaya dhewekke ndang entuk telpon.
***
Sorene aku entuk kabar saka ibune, yen
dhewekke wis ora ngenteni telepon, istilahe standar kepenginane diudhunake
yaiku namung pesan kang singkat wae, tekan wengi, tekan bener-bener entek
dinane, tekan ganti dina, tekan wektune kudu ketemu aku maneh, suntik.
***
Isuk-isuk aku lagi mbukaki jendhela
ruanganku, supayane rada adhem. Tanpa nothok lawang kang pancen wis kabukak,
dhewekke wis ngadeg ing tengah-tengahe lawang, iluhe dleweran.
“Suntik sekarang”, omonge Vika ngageti
aku
Aku gugup.
“Eh, beneran?”,
omongku rada gugup
Saiki malah aku sing ragu. Yen tenan
tampa telepon utawa sms kok dleweran iluhe, apa ora nampa maneh, nanging kok
gelem disuntik?
“Vika..vika...,”
omongku nang ati karo nahan trenyuh
“Iya, cepetan!”, omonge
rada nyeneni aku.
Aku nyuntik Vika, iki kapisanan dhewekke
disuntik tanpa nangisi larane suntikan. Iki tangisane beda. Bola-bali pecah.
Aku rada gugup. Nggoleki papan sing trep kanggo suntikan, nanging aku gemeteran
weruh larane tangis gendhuk sing kawit cilik tak kenal.
***
Aku ketemu maneh saperlu menehi
sawenehing obat kang kudu diombe, seminggu sakwise suntikan pertama. Nyawang
guyune sing digawe-gawe malah atiku sing lara. Karo ngambung tanganku, dhewekke
pamitan, arep mangkat sekolah maneh, ora pengin suwe-suwe kalah karo larane sing
tak kira mesthi esih lara banget. Tak aras jilbabe sing nutupi sirahe. Tanpa
rambut.